Recent Posts

Senin, 17 Juni 2013

Tembang Jawa Montor-montor Cilik

Karya: Ki Narto Sabdo

Montor montor cilik
sing nunggang mbleneg
Lungguh lenggat-lenggut
ngantuk siyat-siyut

Mak gredeg tekan kretek
ana grobag mandheg
Grobage isi babi
Ambune ra pati wangi

Pak gedhe cengar-cengir
babine njedhar njedhir
Montore muni ngak-ngok
babine senggrak-senggrok

ngok nggrok ngok nggrok
ngok ngok ngrok ngrok
ngok ngok ngrok ngrok

Tembang Jawa: Anak kang Loma

Bu, si Bu, kula nyuwun arta
Ing njawi wonten kere
Kere ne lumpuh tuwin wuta
Sajak ngelak lan luwe

Ngger Angger, iki wenehana
Sega, iwak, lan tempe
Kerene kandhanana
Kon mrene saben dina