Recent Posts

Kamis, 17 Mei 2012

Cerkak Keong Mas

Dhek jaman biyen, ing Keraton Daha, ana putri loro kang ayu moblong-moblong arane Candra Kirana lan Dewi Galuh. Putri-putri mau uripe nyenengke banget lan sarwa kecupukan.

Sawijining dina, ana pangeran bagus banget saka Keraton Kahuripan teka ing Keraton Daha. Pangeran mau asmane Raden Inu Kertapati nduweni perlu ngunggah-ngunggahi Candra Kirana.

Rawuhe Raden Inu Kertapati ditampa kanti permana dening Raja Kertamarta lan Candra Kirana
didhapukake karo Raden Inu Kertapati.

Nanging iki ndadekake Dewi Galuh meri. Amarga dheweke rumangsa yen Raden Inu luwih pantes kanggo dheweke. Dewi Galuh banjur lunga marang omahe mbah dhukun. Dheweke njaluk mbah dhukun supaya Candra Kirana disikir dadi barang kang njijiki lan diadohake saka Raden Inu. Mbok dhukun gelem nuruti panjalakane Dewi Galuh lan banjur Candra kirana disikir dadi arupa Keong Mas lan dibuang ning kali.

Sawijining dina ana nini-nini golek iwak ning kali nganggo jala, lan Keong Mas kena jala mau. Keong Mas kuwi banjur digawa bali lan diselehna ing dhuwur genthong. Esuke nini mau lunga golek iwak ning kali, nanging ora entuk iwak babar blas. Nini mau banjur bali wae, tumekane ing omah dheweke kaget banget, amarga ing mejane wus kasedya panganan kang enak-enak. Ora entek pitakonan ing sirahe nini, sapa sing ngirimi panganan iki?

Semana uga mbesuke, nini nemoni kedadean kang padha. Saben bali saka lelungan golek iwak, ing omah wis kasedya panganan akeh lan omahe uga katon luwih resik. Nini mau pengin weruh sabenereke ana kedadean apa ing omahe saben ditinggal lunga. Nini mau banjur ethok-ethok lunga menyang kali golek iwak kaya adate, nanging muter ngindhik omahe saka mburi.

Sawuse sauntara ana ing mburi omah, nini mau banjur dheg-dhegan ora karuan. Dumadakan Keong Mas kan ana gentong mau malih rupa dadi kenya kang ayu banget. Kenya mau banjur mangsak lan nata panganan ing meja. Amarga penasaran, nini mau langsung mbuka lawang lan nakoni kenya mau. "Nduk, kowe ki sapa lan asalmu ngendi?" pitakone nini. "Kula putri saking Keraton Daha ingkang disikir dening mbah dhukun kengkenanipun rayi kula amargi meri dhateng kula," saurane Keong Mas.Sawise ngenehi wangsulan, Candra Kirana banjur malih rupa meneh dadi Keong Mas lan nini dadi gumun ra entek-entek.

Ing panggonan liya, Raden Inu Kertapati ora meneng wae ngerteni Candra Kirana ngilang. Dheweke banjur nggoleki kanthi nyaru dadi kawula cilik. Mbah dhukun banjur ngonangi lan uga melu-melu nyaru dadi gagak saperlu nyilakani Raden Inu. Raden Inu banget oleh kaget weruh ana manuk gagak iso ngomong lan ngerteni tujuane. Dheweke ngira yen manuk gagak kuwi sekti lan nuruti omongane, kamangka sing dikandhakke manuk gagak mau kleru. Ing tengah dalan, Raden Inu ketemu karo kaki-kaki sing lagi keluwen, banjur diwenehi panganan. Jebul kaki mau uwong sakti sing perlu nulungi Raden Inu saka godhaning manuk gagak.

Kaki mau banjur nuthuk manuk gagak lan saknalika gagak mau malih rupa dadi keluk. Bar kuwi Raden Inu diduduhi ana endi sejatine Candra Kirana, lan raden mau dikongkon lunga marang desa Dadapan. Sawuse mlaku pirang-pirang dina Raden Inu tekan ing desa Dadapan. Dheweke mampir ing sawijining gubuk kepengin njaluk wedang. Ing gubuk kuwi dheweke banjur kaget, amarga saka jendela dheweke ndeleng Candra Kirana lagi mangsak. Saknalika sikir saka mbah dhukun ilang. Raden Inu banjur mboyong putrine mau lan ngajak nini kang wus nyelametake pindah marang istana. Candra Kirana banjur matur apa kedadean  lan tindak-tanduke Dewi Galuh marang ramane.

Raja Kertamarta njaluk ngapura marang Candra Kirana lan Dewi Galuh diputus paukuman. Amarga wedi Dewi mlayu marang alas. Ewadene Candra Kirana lan Raden Inu banjur diningkahke.

0 komentar:

Posting Komentar