Recent Posts

Senin, 14 Mei 2012

Cerkak Timun Mas

Gambar: NasionalisRakyatMerdeka.wordpress.com
"Yen mengko kowe diuber raksasa kuwi, kanthong-kanthong iki uncalana mbaka siji."

Ing sawijining desa ana mbok randa tuwa kang aran Mbok Arjo. Saben dinane Mbok Arjo ijenan wae amarga ora duwe anak. Sabenere dheweke pengin banget nduweni anak ben ana sing isa ngewangi nyambut gawe.

Sawijing sore Mbok Sarni lunga ning alas golek kayu. Dumadakan ing dalan dheweke nemoni raksasa sing dhuwur lan sikile gedhe padha karo wit klapa.

"Heh, kowe arep ning endi!" pitakone raksasa mau.
"Aku arep golek kayu, ki raksasa. Dadi, aku njaluk idin liwat ya," wangsulane Mbok Arjo.
"Hahaha.. kowe oleh liwat kene nanging ana sarate. Kowe kudu ngenehi aku anak tak nggo mangan," ujare buta.

"Ha ning piye wong aku ki ora duwe anak."

Sawise Mbok Arjo kandha yen dheweke ora duwe anak lan pengin duwe anak, raksasa kuwi banjur malah menehi wiji timun. Buta kuwi kandha, "He mbok tuwa, iki tak wenehi wiji timun. Tanduren wiji iki ning ngarep omahmu, lan mengko suwene rong minggu kowe bakal duwe anak. Tapi eling ya, nek umure wis nem taun bocah mau kudu tok wenehana aku."

Genep rong minggu wiji timun mau awoh akeh banget lan salah sijine ana sing ukurane gedhe. Mbok Arjo banjur mothel timun mau, lan basan pecah jebul isine bayi sing ayu banget. Bayi kuwi banjur dinehi jeneng Timun Mas.

Timun Mas saya dina saya gedhe, lan Mbok Arjo banget seneng atine merga dheweke ora sepi meneh. Kabeh penggaweyane bisa cepet rampung merga direwangi Timun Mas

Suwene nem tahun Mbok Arjo urip seneng karo Timun Mas, nganti tiba mangsane raksasa marani perlune nagih janji. Mbok Arjo wedi banget lan ora gelem kelangan Timun Mas, banjur kandha marang raksasa, "Duh, ki Raksasa, bocah iki isih urung enak. Teka mrenea rong tahun meneh ben saya enak daging lan balunge bocah iki." Krungu kandhane Mbok Arjo, raksasa mau banjur nampa lan bali ning alas meneh.

Sabline raksasa mau, Mbok Arjo mbatin mangsa rong tahun kuwi dudu mangsa kang suwe. Saben dina dheweke golek cara kepriye ben Timun Mas, anake, ora digawa raksasa mau. Mbok Arjo dheg-dhegan, nganti sawijining wengi dheweke entuk impen. Ing jero impene, Mbok Arjo dikandhani sepaya Timun Mas sowan pandhita kang lagi laku tapa ing gunung.

Esuke, Mbok Arjo ngajak Timun Mas sowan pandhita ing gunung. Sawise ketemu lan matur kekarepane, pandhita mau banjur maringi Timun Mas wadhah awujud kanthong cacahe papat isine wiji timun, dom, uyah, lan terasi. "Yen mengko kowe diuber raksasa kuwi, kanthong-kanthong iki uncalana mbaka siji," dhawuhe pandhita. Timun Mas banjur bali sawisa nampa paringane pandhita.

Isuk-isuk raksasa mau teka tenan nagih semayane Mbok Arjo. "Hei, Mbok Randha, endi anakmu? Aku wis ora kanti kepengen ndang mangan bocah kuwi," kandhane karo separo mbengok. Saurane Mbok Arjo karo nangis, "Aja mbok jupuk anakku, ki Raksasa. Aku wis kadhung eman banget karo dheweke. Luwih apik aku wae sing mbok pangan". Raksasa mau ora trima lan dadi ngamuk banget. "Endi bocah iku? Endi Timun Mas?! Wenehna ning aku!" raksasa mbengok ora karuan.

Amarga ora tegel ndeleng Mbok Arjo nangis terus, Timun Mas metu teka pandhelikane.

"Aku ning kene, Raksasa. Cekelana aku yen kowe isa!" bengoke Timun Mas.

Makjenggirat raksasa langsung ngoyak, lan Timun Mas mulai nguncalna kantong wadah wiji timun. Ajaib tenan, alas gung liwang-liwung langsung malih rupa dadi kebonan timun lan gagange ndelolor nggubel raksasa. Playune raksasa dadi alon amarga dicegati wit timun. Nanging ora let suwe raksasa mau kasil ucul lan nguber meneh. Timun Mas banjur nguncalna kanthong isi dom. Sanalika kebonan timun ilang ganti wit pring dhuwur lan lancip. Sikile raksasa gubras getih ketujes pring. Nanging raksasa tetep mlayu nguber.

Timun Mas banjur mbuka gawan sing isine uyah. Dumadakan alas gedhe mau dadi segara kang amba. Nanging segara mau gampang wae diliwati raksasa. Pungkasane Timun Mas nyebar trasi, saknalika teka njero bumi langsung ana lumpur umub lan raksasa kecemplung ning kana lan mati.

Timun Emas banjur ngucapna syukur marang Gusti merga selamet saka buta sing angkara. Pungkasane Timun Emas lan Mbok Sarni urip tentrem.

0 komentar:

Posting Komentar