Recent Posts

Kamis, 10 Mei 2012

Cerkak Rara Jonggrang


Ditulis dening: Paijo

"Aku gelem dadi bojomu, Bandung. Nanging penjalukku, sakdurunge jago kluruk sesuk kowe isa gawekna candi cacahe satus lan sumur cacahe loro."

Duk nalika semana, ana keraton kang moncar aran Prambanan. Rakyate urip tentrem lan makmur kapimpin dening ratu asma Prabu Baka. Kraton-kraton cilik ing saubenge Prambanan uga tunduk lan atur pakurmatan marang Ratu Prabu Baka.

Kacarita, ing cedhak kana mangadeg keraton gedhene meh padha karo Keraton Prambanan, yaiku Keraton Pengging. Keraton iki kondhang jumawa lan seneng ngambakna wilayahe. Keraton Pengging duwe satria sekti aran Bondowoso. Dheweke nduweni gaman sekti Bandung, mamulo Bondowoso dadi lan kondhange nyandang jeneng Bandung Bondowoso.
Sakliyane nduwe gaman, Bandung uga nduwe wadyabala arupa bangsa jim. Bangsa jim kuwi kang kerep ngrewangi dheweke nyerbu keraton liya lan nuruti hawa nepsune.

Suwijining dina, Ratu Penggging kang jumawa nimbali Bandung Bondowoso. Ratu Pengging banjur paring utusan marang Bandung Bondowoso supaya nyerbu Keraton Prambanan. Tanpa suwe, sesuke Bandung Bondowoso ngundang lan ngumpulake wadyabalane kang arupo bangsa jim kuwi, lan banjur mangkat menyang Keraton Prambanan.

Tumekane ing Prambanan, Bandung lan wadyabalane langsung nyerbu ing istana Prambanan. Prabu Baka lan pasukane kalang kabut merga ora nduweni persiapan. Pungkasane Bandung Bondowoso kasil ngrebut lan nguwasani keraton Prambanan, lan Prabu Baka seda kena gamane Bandung Bondowoso.

Pawarta Bandung Bondowoso lan pasukane menang ditampa kanthi gumbiro dening Ratu Pengging. Ratu Pengging banjur ngutus Bandung Bondowoso manggon ing Istana Prambanan lan dipasrahi kabeh isine keraton, kalebu nasip keluargane Prabu Baka.

Sakwise manggon ana ing istana Keraton Prambanan, dheweke weruh ana wanita kang ayune kaya widadari. Wanita kuwi arane Rara Jonggrang, putrine Prabu Baka. Saknalika nyawang Rara Jonggrang, Bandung banjur tresno. Bandung banjur ngundang lan nglamar Rara Jongrang.

"Duh, Rara Jonggrang, apa sliramu gelem dadi garwaku?" pitakone Bandung marang Jonggrang.

Krungu pitakonan kaya ngono, Rara Jonggrang ming isa meneng lan bingung. Sebenere dheweke banget leh gething marang Bandung Bondowoso, amarga wis mateni rama sing paling ditresnani. Nanging Jonggrang ya wedi menawa nampik lamarane Bandung. Sakwise angen-angen, Jonggrang duwe penemu piye ben Bandung ora sido dadi bojone.

"Iya, aku nampa lamaranmu. Nanging sawise kowe nglakoni syaratku," wangsulane Jonggrang.

"Apa syaratmu kuwi, Jonggrang?" pitakone Bandung.

"Kowe kudu gawe candi cacahe sewu lan sumur cacahe loro, suwene sawengi," wangsulane Jonggrang.

Mbasan krungu kang dadi syarate Rara Jonggrang, Bandung Bondowoso banjur nyanggupi. Dheweke rumangsa kuwi barang gampang amarga duwe wadyabala akeh yaiku kang bangsa jim.

Wengine, Bandung banjur nglumpukake wadyabalane. Sakwise ngrungokake prentah saka Bandung, para jim mau banjur mbangun candi lan sumur kanthi cepet.

Rara Jonggrang nyekseni para jim mbangun dadi geter lan wedi, wis meh manjing fajar, gari telung candi lan sumur siji kang urung rampung digawe.

Rara Jonggrang banjur mikir piye carane supaya Bandung ora kasil ngleksanakake syarat kang diwenehke.

Sakwise mikir, Rara Jonggrang banjur duwe penemu. Dheweke bakal nyiptakake hawa kang memper karo esuk, saenggo para jim leren leh mbangun candi.

Rara Jonggrang banjur nimbali kabeh dayang sing ana ning istana. Dayang-dayang mau diutus ngobong dami, nuthuk lesung lan nyebar kembang kang gandane wangi.

Sakwise oleh prentah teka Rara Jonggrang, para dayang mau banjur ngobong dami. Ora let suwe langit banjur katon abang, lan lesung uga dithuthuki. Ganda arum kembang kang sumebar dadi nggugah para pitik lan banjur padha kluruk.

Mbasan ndeleng langit wis abang, suara lesung, lan ganda kembang, para jim balatentarane Bandung banjur padha mlayu ninggalake penggaweane. Rumangsane dina wis manjing esuk lan dheweke kudu enggal lunga.

Nemoni bala tentarane padha mlayu, Bandung Bondowoso mbengok, "Hai, wadyabalaku, esuk urung manjing. Mbaliko. Rampungana gaweyan candi iki!"

Para Jim tetep koncrit, lan ora nggagas bengokane Bandung. Bandung dadi nesu banget, lan kepeksane ngrampungi gawean candi kang kaping sewu. Nanging apes, sakdurunge candi mau rampung srengenge wis thukul ndandakna dina wis esuk. Bandung Bondowoso gagal ngleksanakake penjalukane Rara Jonggrang.

Weruh Bandung ora kasil, Rara Jonggrang marani lan kandha, "Kowe gagal ngleksanani penjalukanku, Bandung."

Krungu omongane Rara Jonggrang mau, Bandung Bondowoso muring banget. Kanti suara kang seru, Bandung nyuara, "Kowe cidra, Jonggrang. Sejatine ya kowe sing ndadekke gagal lehku mbangun sewu candi iki. Mamulo, kowe tak sidakna dadi reca sing ana ing candi sing kaping sewu!"

Merga kasektene Bandung Bondowoso, Rara Jonggrang malih wujud dadi reca. Wujud reca kuwi nganti saiki isih bisa disekseni ing candi Prambanan lan diarani candi Rara Jonggrang. Ewa dene candi kang ana saubenge candi Prambanan kasebut candi Sewu.

0 komentar:

Posting Komentar